Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan Jawabannya

Pada artikel kali ini saya akan membagikan Contoh Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 Kurikulum 2013 dan Jawabannya kepada anda semuanya.

Adapun soal tersebut adalah sebagai berikut.

Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan Jawabannya


I. Wenehana tandha ping (x) ing sangarepe aksara a, b, c, d utawa e minangka wangsulan kang trep !
1. Serat Wedhatama yaiku sastra kidungan Jawa kang dianggit dening … .
a. Hamengku Buwono IV
b. Mangkunegara IV
c. R. Ng. Yosodipura
d. Hamengku Buwono II
e. Mangkunegara II

2. Tembang macapat kang nduweni watak sereng, nepsu, lan gandrung, yaiku … .
a. Gambuh
b. Megatruh
c. Pucung
d. Pangkur
e. Sinom

3. Jenenge penganggit kang didhelikake ing sajroning tembang kinaran … .
a. sandi
b. uluran
c. sandiasma
d. sengkalan
e. dasanama

4. Pitutur supaya meguru marang kabecikan sarta bisa manjing aju ajer lan netepi paugeraning negara iku isi piwulang pada … pupuh Pangkur ing Serat Wedhatama.
a. katelu lan kapapat
b. kalmia
c. kanenem tumeka kawolu
d. kasanga
e. kasepuluh lan kasewelas

5. Luk swara kang katibakake ing wanda pungkasan gatra macapat diarani … .
a. anung swara
b. andhah swara
c. pedhotan
d. adhegan
e. padhang

6. Kang klebu irah-irahan cerkak, yaiku … .
a. Kembang Desa Talun Ombo
b. Sandyakalaning Majapahit
c. Panembahan Reso
d. Para Priyayi
e. Urip Pindha “Cakra Manggilingan”

7. Tema, alur, penokohan, lan latar iku klebu unsure … ana ing crita cekak.
a. intrinsik
b. langsung
c. ekstrinsik
d. utama
e. ora langsung

8. Papan panggonan, wektu kedadean, lan kahanan lingkungan social iku klebu jinising … .
a. alur
b. tema
c. amanat
d. latar
e. penokohan

Baca juga:

9. Bubar kepilih dadi ketua RT kuwi, Pak Hamidan terus ngadani syukuran cilik-cilikan. Nadyan jenenge syukuran cilik-cilikan ragade tetep ora sethithik. Kabeh kang wis tau nyengkuyung Pak Hamidan padha nampa bebungah mirungga. Tangga teparo sing ndhukung Pak Hamidan uga nampa smbulih sing murwat. Minggu candhake Pak Hamidan kawisuda dadi Ketua RT ana bale desa. Pak Lurah sing maosake surat kekancingan ing pangarepe pamong lan punggawa desa liyane.
(Ngrebut Gelar, KRT Sudadi)
Pethilan cerkak ing ndhuwur nuduhake menawa pengarang nggunakake sudhut pandhang … .
a. wong kapisan
b. wong kapindho
c. wong katelu
d. ekstrinsik
e. intrinsik

10. Teknik dramatik njlentrehake watake tokoh kanthi cara ing ingsor iki, kajaba … .
a. tindak tanduke tokoh
b. lingkungan kauripane tokoh
c. tata basane tokoh
d. langsung dening pengarang
e. pikirane tokoh

11. Dhek jaman biyen ana crita, sawijining kulawarga kang kesrakat, panggutane golek iwak wanci bengi. Kamangka anake 25 cilik-cilik. Kang gawe memelas anak 25 kang isih cilik-cilik mau kabeh pelo pada nemen. Bab kelungse anggone padha mangan wis lumrah jalaran kudu ngenteni bapake mulih saka golek iwak nganti bengi. Meh saben bengi padha keturon anggone ngenteni bapake. Saben-saben bapake mulih lan nggawa iwak banjur dibakar, yen mateng anake digugah nuli padha mangan bebarengan kanthi seneng. Yen wis wareg pada turu maneh.
Wacan ing dhuwur mujudake sawijining karangan … .
a. narasi
b. deskripsi
c. narasi sugestif
d. narasi ekspositoris
e. persuasif
12. Masalah kang dialami dening tokoh crita saya tambah, ing sajroning cerkak klebu alur ing bagean … .
a. pangenalan kahanan crita
b. panjlentrehane kadadean
c. puncak konflik
d. rerampungan
e. nuju ana ing konflik
13. Sawijining penganggit tansah menehi gegambaran moral lan etika paraga-paragane lumantar watak utawa penokohan diarani werdi ….
a. estetis
b. moral
c. etis
d. pendhidhikan
e. sosial

14. Watak kang nggambarake pawongan kang seneng aruh-aruh marang wong liya diarani … .
a. grapyak
b. angkuh
c. sulistya
d. ugungan
e. cluthak
15. Srengenge menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dhasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak ancik kaya nglocotke dlamakan sikil. Dakdhengak srengegene, jane yaw is sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Nanging, panase ora suda-suda.
Unsur intrinsik kang katon saka pethilan cerkak ing dhuwur, yaiku … .
a. paraga
b. alur
c. sudhut pandhang
d. latar
e. penokohan

Setitekna pethilan cerkak ngisor iki kanthi premati kanggo mangsuli soal nomer 16 lan 17! Wis meh sedina Drajat nunggu Rista, bojone sing arep nglairake. Bola-bali Drajat keprungu sambat lan jeritane bojone sing nembe berjuang ngliwati maut. Kanggo nylimur pikire sing ora karuwan, Drajat nyoba ngobrol karo wong sing uga nunggu ana ing rumah bersalin kuwi. Nanging mbuh ngapa, apa bae sing dadi bab rembugane, kabeh kaya ora mathuk. Pikire Drajat tambah ora karuwan, dheweke banjur wira-wiri kaya wong linglung. Saya cetha menawa saiki Drajat lagi ora kepenak ati.
16. Watake Drajat ing pethilan cerkak kasebut, yaiku … .
a. sregep
b. seneng bingung
c. tegel
d. setya tuhu tumrap garwane
e. pangerten marang kahanan

17. Pethilan cerkak kasebut nggunakake alur ing bagean … .
a. pangenalan kahanan crita
b. panjlentrehane kadadean
c. nuju ana ing konflik
d. puncak konflik
e. rerampungan

18. Penganggit dadi pengamat ana ing crita, ateges penganggit mau dadi sudhut pandhang wong …
a. kapisan
b. kapindho
c. katelu
d. kapisan lan kapindho
e. kapapat

19. Cacahing wanda saben gatra tembang macapat diarani … .
a. pada
b. guru lagu
c. guru gatra
d. pupuh
e. guru wilangan

20. Ing ngisor iki klebu paugeran anggitan tembang macapat, kajaba … .
a. baliswara
b. daya sastra
c. wancahan
d. uluran
e. guru gatra

21. Tuladhane wancahan yaiku … .
a. agung → gung
b. seru → sru
c. ngetan → mangetan
d. nara + iswara → nareswara
e. liyan → lyan

22. Ing ngisor iki pupuh kang ana sajroning Serat Wedhatama, kajaba … .
a. Pangkur
b. Sinom
c. Pocung
d. Kinanthi
e. Gambuh

23. Pitutur supaya aja dadi wong kang nungkak krama kabeberake ing pada … pupuh Pangkur sajroning Serat Wedhatama.
a. kapisan
b. kapindho
c. katelu
d. kanenem
e. kasanga

Gatekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 24 lan 25 ! Mumpung anom marsudia, angudi mardaweng budi. ati luhur tur utawa, sarana urip prayogi, sayogya laku suci, setya marang Kang Maha Gung, sedyatama sampurna, swarga donya ginayuh ginawe harja.
24. Nitik saka guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, tembang ing ndhuwur klebu tembang …
a. Pangkur
b. Sinom
c. Dhandhanggula
d. Kinanthi
e. Durma

25. Tembang kasebut nerangake menawa urip iku kudu kaya ing ngisor iki, kajaba … .
a. alus bebudene
b. becik atine
c. sampurna uripe
d. setya marang Gusti Kang Murbeng Dumadi
e. nglakoni samubarang tumindak kang ora becik

26. Ing ngisor iki panggambarane tokoh kanthi teknik dramatik, kajaba … .
a. dalan pikirane tokoh
b. kanthi langsung dening penganggit
c. panggambaran tokoh dening tokoh liyane
d. bab fisik lan tindak-tanduke tokoh
e. panggambaran lingkungan kauripane tokoh

27. Perangan-perangan ngisor iki kang ora kudu ana ing karangan narasi, yaiku … .
a. panggonan kadadean
b. wektu kadadean
c. gambaran kadadean
d. prastawa
e. paraga

28. Cilaka tenan, olehku seneng nyawang terus marang Tan Senuk uga kudu dakbayar kanthi cara ndhudhuk kuburane Mak Tan ing Bong Lor Kampung Nggulon.
Pethilan crita cekak kasebut nuduhake menawa penganggit nggunakake sudhut pandhang wong … .
a. kapisan
b. kapindho
c. katelu
d. kapisan lan kapindho
e. jamak

29. Gegayutan karo cendhek dhuwure swara utara nada nalika maca cerkak diarani … .
a. pakecapan
b. lagu ukara
c. kawijangan pocapan
d. pendeleng netra
e. volume

30. Wacanen pethilan cerkak ngisor iki !
“Ruud…! Rudi …!” “Daleem…!” Rudi mangsuli banter setengah mangkel. Kanthi ati mangkel, Rudi ninggalake pagaweane. Setengah mlayu dheweke nyedhaki ibune. Batine sangsaya katog bareng ngerti jebul diutus menyang warung. Sawise dhuwit ditampani banjur mlayu karo lambene pecuca-pecucu. Amanat kang bisa kapethik saka pethilan cerkak kasebut, yaiku … .
a. kita kudu tansah sregep nindakakepagawean
b. menawa didhawuhi wong tuwa, mligine ibu ya kudu ditindakake kanthi lila legawa
c. kita kudu urmat marang sapa bae
d. ati mangkel ndadekake keduwung
e. menawa lagi micara karo wong tuwa kudu kang becik

31. Salah siji titikan macakake pawarta kang becik, yaiku … .
a. intonasine pas ora keladhuk
b. swarane cetha tur pas
c. swarana ora keladhuk lan cetha
d. swarana sedheng nanging cetha
e. basane ringkes lan madhet

32. Untung Surapati banjur diwenehi pakarya nyekel Pangeran Purbaya, putra Sultan Ageng saka Benten kang oncatmenyang Priangan.
Ukara kasebut klebu jinis ukara … .
a. lamba
b. camboran
c. tanggap
d. pitakon

33. Macakake pawarta bisa luwih gampang kanthi cara maca … .
a. batin
b. cepet
c. teknik
d. skimming
e. scanning

34. Watak kang nggambarake pawongan kang seneng aruh-aruh marang wong liyo diarani … .
a. grapyak
b. angkuh
c. sulistya
d. agungan
e. clutak

35. Panulise tandha jeda kang trep nalika maca ukara pawarta ngisor iki, yaiku … .
a. Sumur asin ing Ngaglik Sambi Boyolali wis ana wiwit jaman kolinial Belanda.//
b. Sumur asin/ ing Ngaglik/ Sambi/ Boyolali/ wis ana wiwit jaman kolinial Belanda.//
c. Sumur asin ing Ngaglik Sambi Boyolali/ wis ana wiwit jaman kolinial Belanda.//
d. Sumur asin ing Ngaglik/ Sambi/ Boyolali/ wis ana wiwit jaman kolinial Belanda.//
e. Sumur asin/ ing Ngaglik Sambi Boyolali wis ana wiwit jaman kolinial Belanda.//

36. Teks kang nggambarake sawijining bab kang adhedhasar kanyatan kang nggunakake tetembungan kanthi cetha lan kaprinci yaiku … .
a. naratif
b. ekspositoris
c. argumentasi
d. persuasi
e. deskripsi

37. Bedhaya katawang yaiku sawijining beksan minangka beksan pusaka Kraton Surakarta kang mung digelar setaun sepisan ing pengetan tingalan jumenengan nata kasunanan. Manut dedongengan, beksan iki yasane Kanjeng Ratu Kidul, panguwasa sakehing jim lan peri prayangan kang ngedhaton ing telenge Samodra Kidul.
Miturut jinise artikel, paragraph ing dhuwur klebu artikel … .
a. deskripsi
b. narasi
c. argumentasi
d. eksposisi
e. persuasi

Setitekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 38 tumeka 40. Nggugu karasane priyangga, Nora nganggo paparah lamun angling, Lumuh ingaran balilu, Uger guru aleman, Nanging janma ingkang wus waspadeng semu, Sinamun ing samudana Sesadon ingadu manis
38. Tembung priyangga ing tembang kasebut ateges ….
a. pribadyi
b. awak
c. wong liya
d. wong tuwa
e. masarakat

39. Gatra ing tembung kasebut kang ateges tansah njaluk di lembana yaiku … .
a. lumuh ingaran balilu
b. uger guru aleman
c. nora nganggo paparah lamun angling
d. sinamun ing samudana
e. sesadon ingadu manis

40. Tembung linggane tembung “sinamun” yaiku …
a. sinamun
b. simun
c. samun
d. siamun
e. sinanamun

II. Isian
1. Sebutna titikan teks deskripsi !
2. Apa kang diarani maca intensif ?
3. Terangna kang diarani guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan !
4. Sebutna perangan kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan marang pawarta !
5. Sebutna unsur-unsur sing ana ing sakjerone cerkak !

KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA

1.    D
2.    D
3.    C
4.    –
5.   
6.    A
7.    A
8.    D
9.    C
10.    D   
11.    A
12.    C
13.    C
14.    A
15.    D
16.    B
17.    D
18.    C
19.    E
20.    D   
21.    D
22.    E
23.    –
24.    A
25.    E
26.    A
27.    C
28.    E
29.    A
30.    B   
31.    E
32.    –
33.    C
34.    A
35.    C
36.    B
37.    A
38.    A
39.    C
40.    C

Demikianlah informasi mengenai Soal UAS Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 dan Jawabannya yang bisa kami sampaikan kepada anda semuanya.

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel